SUGENG RAWUH ING JAGADING SASTRA JAWA.....MATUR-NUWUN RAWUHIPUN...MUGI SEDHAYA SAMI PINARINGAN RAHARJA NIR ING SAMBIKALA.......
SMP MUHAMMADIYAH 1 GONDANGREJO  SMP MUHAMMADIYAH 1 GONDANGREJO  SMP MUHAMMADIYAH 1 GONDANGREJO  SMP MUHAMMADIYAH 1 GONDANGREJO  SMP MUHAMMADIYAH 1 GONDANGREJO  SMP MUHAMMADIYAH 1 GONDANGREJO

Rabu, 03 Desember 2014

RADEN SAMBA






        Raden Samba punika satriya saking Parang Garudha, Putranipun narendra gung negari Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna kaliyan garwa prameswari Dewi Jembawati.
Wondene
Dewi Jembawati piyambak punika putri Begawan linuwih ingkang apaes wanara saking pertapan Banon Cinawi inggih punika Begawan Kapi Jembawan.
       Kacariyos, bilih Raden Samba kalebet satriya ingkang bagus sulistya ing warna, branyak pasemone lan grapyak. Pangandikane receh nreweteh lan nyengsemaken sok sintena ingkang mirengaken. Samba ugi misuwur pinter ndagel saha olah kridhaning beksan.
       Ananging sanadyan sampun kawisudha minangka raja putra ing Dwarawati lan kagadang ing mbenjang badhe anggentosi kawibawan saha keprabon ramanipun, Raden Samba kuciwanipun mboten kagungan kaprigelan ing babagan kaprajuritan saha olah tata  kaprajan lan kanarendran.Mung wae Raden Samba punika kondhang prigel memanuhara lan gawe welas asihe sinten kemawon ingkang sesandhingan.
Saking prigele anggenipun memanuhara, bibinipun Dewi Wara Sumbrada / Dewi Rara Ireng ingkang sekawit gething kepati mring panengah Pandawa Raden Arjuna, dados luluh lan tresna sahingga purun ginarwa kaliyan Satriya Madukara punika. Samba ugi kagungan dasanama utawi sesebatan sanes kados tha : Raden wisnubrata lan Kresna Siwi.
       Ing lakon Samba Juwing ,kacariyos Raden Samba nemahi bilahi.Sabab Hyang Bathara Drema klentu manitis ing angganipun Raden Samba, kamangka Hyang Bathari Dremi garwanipun manitis ing angganipun Dewi Hagnyanawati ingkang tata lairsampun ginarwa dening Prabu Suteja / Bomanarakasura, Wondene Prabu Suteja/Bomanarakasura punika taksih kalebet kakangipun piyambak tunggil rama .
       Kahanan puika tan wurunga andadosaken Samba nandang tresna lan nerak angger-anggering  kautaman kanthi ngrisak pager ayu ,Lan pungkasanipun Samba nemahi pralaya saba dipun pilara kaliyan Prabu Suteja/Bomanarakasura kanthi dipun juwing-juwing ragane.
Wayang Samba gagrag Surakarta dhewe bentuke satriya layapan utawi longokan. Netrane njait,grana sembada lan swantenipun cemengkling. Agemanipun sanggul kadhal memek, rineka garudha migkur, asesunting sekar luwih,kalung roncen lan agemanipun bokongan pangeranan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

- See more at: http://blog.kangismet.net/2013/05/menghilangkan-link-aktif-pada-komentar.html#sthash.Z9UVnKQD.dpuf